Sawalan Trah, Ngumpulake Balung Pisah
Kedaulatan Rakyat - 06/10/2008 08:18:06
MINANGKA ajang silaturahmi, bebrayan Jawa wektu iki nggrengsengake anane Sawalan Trah. Sing biyene mung kalangan bangsawan utawa keraton, wektu iki wis mratah ing kalangan masarakat. Mula banjur muncul trah Sastrosumarjan, trah Amat Sabar, trah si Suta lan si Naya lan sapanunggalane, kalebu Trah Bani Usman, yo Eyang, Bapak, Buyute awake dhewe.
"Kabeh mau mung dijupuk saka praktise, jer budaya Jawa mekar manut jaman kelakone," mangkono ngendikane R. Ngb. Walidjo Wisnusubroto ahli petung Jawa hanacaraka lan pawukon saka Sleman.Senajan diakoni, kanthi patemon Sawalan Trah ngurangi rasa silaturahmi, nanging maknane tetep gedhe banget tumraping bebrayan. Budaya ujung, sowan marang para sepuh mubeng kampung, utawa malah direwangi mudik saka papan pangumbarane mulih sowan marang wong tuwa, sanak sedulur lan kadang mitra tetep ditindakake.
Sawalan Trah utawa patemon trah uga minangka ajang silaturahmi antarane sanak sedulur, krandhah, kadang konang, sahengga banjur katelah trah ngluru panglarah nyambung utawa ngumpulake balung pisah.Wewarah luhur iki mengku karep kang jero maknane, kanthi patemon trah iki sing maune durung ngerti yen isih sedulur utawa isih kulit daginge dhewe banjure mangerteni yen isih kadang konang. Senajan paribasan mung munthu katutan sambel, nanging kanthi ajang silaturahmi kasebut bisa ngraketake rasa paseduluran.Kejaba kuwi sing mbiyen sesambungane renggang banjur apura-ingapura, bali rukun maneh kang ateges nyambung tali silaturahmi sing maune pedhot dadi becik maneh. Ana maneh sing maune sedulur cedhak banjur ngumbara menyang liya papan, bareng seda mung kari putra wayah sahengga bisa kelangan obor karo tunggake. Mula ana Sawalan Trah iki sing tuwa ndunungake, siji lan sijine sahengga minangka tedhak turune wong tuwa bisa mangerteni ora kelangan lacak kang ateges sambung pasedulurane.Kerep kedadeyan lucu, bola-bali kepethuk nanging ora gathuk utawa sapa aruh, bareng ketemu ana acara Sawalan Trah tetela isih ana sambung sedulur tunggal mbah utawa buyut.Hadist Rasulullah nyebutake, dhawuh Nabi Muhammad SAW, sing sapa wonge kepengin pinaringan berkah rejekine lan panjang umure, padhaa nindakake silaturahmi. Kanthi mangkono Sawalan Trah mujudake salah sijine cara nyambung silaturahmi, paseduluran, njembarake pasrawungan lan tetepungan. Sawalan Trah umume dipungkasi kanthi dhahar kembul kupat lonthong bebarengan, nggambarake simbol guyub rukun siji lan sijine kang tun dhone tumuju rasa persatuan lan kesatuan. Dene maknane nyambung utawa ngumpulake balung pisah bisa dipethik, sawise rampung Sawalan Trah antarane rembug tuwa banjur njodhokake anak utawa putune manut pranatan agama lan negara. Sacara ora langsung wis nyambung balung pisah, sahengga trah kulawarga tetep jinaga wutuh nganti tekan kapan wae.
Awit saka iku mula dileing-eling pesene eyang Khumaidi supaya padha guyub rukun, ngerti siji lan sijine, mligine para kawula enom Trah Bani Usman. Sarujuk ? (Octo)
Minggu, 19 Oktober 2008
Langganan:
Komentar (Atom)